SATUBAHASA.COM - Web Pendidikan Bahasa Indonesia
  • Beranda
  • PIDATO
  • PERIBAHASA
  • CERPEN
  • KIRIM CERPEN
  • KIRIM PUISI
Home » Puisi Bahasa Jawa » Puisi Bahasa Jawa atau Guguritan Tentang Tuntunan Agami Karya Isti Mukarromah Kebumen

Puisi Bahasa Jawa atau Guguritan Tentang Tuntunan Agami Karya Isti Mukarromah Kebumen

Athi'ul
Senin, 26 Desember 2016
Puisi Bahasa Jawa

Tuntunan Agami


Elinga para manungsa, manungsa gaweane Gusti
Tansah ngibadah marang Gusti
Rina wengi gemi nastiti, ngati-ati
Aja sira lena marang pepaese gebyare donya
Kauripan donya mung sawetara
Akherate kanggo saklawase
Dilereni maksiate kanggo amal akherate
Aja nganti ngenes tiwase
Suarga kebak nikmat
Neraka kebak laknat

Wudhu kanthi banyu suci
Gelar sajadah ing papan suci
Tutup aurat kanthi sandhangan suci
Al-Quran iku tuntunan agami
Kebagusane uga wis mesthi
Al-Qurane padha diwacani
Aja mung disimpen rapi
Sholat sakdurunge disholati
Njaluk ngapura sakdurunge dingapurani
Tobat sakdurunge kiamat
Nyedhaka marang Gusti
Mumpung durung ketekan pati
Puisi Bahasa Jawa atau Guguritan Tentang Tuntunan Agami Karya Isti Mukarromah Kebumen
Puisi Bahasa Jawa atau Guguritan Tentang Tuntunan Agami Karya Isti Mukarromah Kebumen


Nabi Muhammad Rasul kang mulya
Minangka dadi panutan kita
Kanjeng Nabi wis ngendika
Ana hadits kanthi cetha
Ngluru ilmu diwajibna
Wiwit lair nganti seda
Kanca-kanca sing sregep ngaji
Supaya uripe ora rugi
Ora pandhang sugih lan mlarat
Ora pandhang nom lan tuwa
Mumpung urip padha ngajia
Aja nganti atimu peteng lan nista
Ayo muji Pangeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan

Elinga para manungsa
Aja sira kandha
Yen Allah iku ora tresna
Mulyaning manungsa ora merga bandha donya
Nanging iman, Islam, ilmu agama
Iku kabeh ujian kanggo wong sing iman
Menawa sugih padha syukura
Menawa mlarat padha sabara

Karya : Isti Mukarromah, Kebumen
Bagikan:
Tweet
Komentar
◄ Posting Baru Beranda Posting Lama ►
  • Facebook
  • Twitter
  • Google+

ARTIKEL POPULER

  • Pidato Singkat Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah
  • Contoh Sesorah Pidato Bahasa Jawa Acara Kematian
  • Contoh Pidato Singkat Tentang Pemimpin Yang Bijaksana

KUMPULAN PUISI

  • PUISI ALAM
  • PUISI AYAH
  • PUISI CINTA
  • PUISI GALAU
  • PUISI GURU
  • PUISI HARAPAN
  • PUISI IBU
  • PUISI ISLAMI
  • PUISI JIWA
  • PUISI KEADILAN
  • PUISI NASEHAT
  • PUISI PAHLAWAN
  • PUISI PATAH HATI
  • PUISI PENDIDIKAN
  • PUISI PERPISAHAN
  • PUISI PERSAHABATAN
  • PUISI RINDU
  • PUISI ROMANTIS
  • PUISI SEDIH

PERIBAHASA DAERAH

  • PERIBAHASA JAWA
  • PERIBAHASA SUNDA

KATA UCAPAN

  • UCAPAN SELAMAT PAGI

KOLOM HIKMAH

  • CERAMAH KULTUM
About | Sitemap | Privacy Policy | Disclaimer | Contact Us
Copyright 2020 • SATUBAHASA.COM - Web Pendidikan Bahasa Indonesia